Kamis, 19 Februari 2009

Mbah Jo

Mbah Jo dirawat ndhik rumah sakit. Jare doktere asmane wis kronis,
irungesampek dipasangi selang.
Wis pirang-pirang dino iki mbah Jo meneeng ae koyok wong koma, mripate
thok sing ketap-ketip. Dikiro wis wayahe mangkat, anake nyelukno
mudhin ben didungakno.
Pas mudhine enak-enak ndungo, moro-moro Mbah Jo megap-megap gak
isokambekan, raine pucet, tangane gemeter. Nganggo bahasa isyarat mbah
Jo nirokno wong nulis. Anake ngerti maksute, langsung dijupukno kertas
ambek pulpen.
Ambekmegap-megap, mbah Jo nulis surat. Karo siso-siso tenogone
mbah Jo ngekekno surate iku mau nang pak Mudhine. Ambek Pak Mudhine
kertase iku mau langsung disaki, rasane kok gak tepak moco surat
wasiat saiki, pikire pak Mudhin.
Mari ngesaki surat pak Mudhin nerusno ndungone. Gak sui mari ngono
mbah Jo mangkat. Akeh wong sing kelangan, soale masio sangar, mbah
Jo iku wonge apikan.

Pas selametan pitung dinane Mbah Jo, Pak Mudhin diundang maneh.
Mari mimpin ndungo, Pak Mudhin lagek iling lek dhe’e nganggo klambi
batik sing digawe pas mbah Jo mangkat. Lha ndhik sake lak onok titipan
surate Mbah Jo tah, waduh selamet iling aku rek, pikire pak Mudhin.
”Derek-derek sedoyo, onok surat seko almarhum Mbah Jo sing durung
taksampekno nang peno kabeh.
Lek ndhelok mbah Jo pas uripe, isine mestine nasehat kanggo anak
putune kabeh. Ayok diwoco bareng-bareng isi surate”. Mari ngono pak
Mudhin ngerogoh surat ndhik sake, bareng diwoco tibake munine..
HE.. NGALIO DHIN !!! OJOK NGADHEK NDHIK SELANG OXIGENKU
!!!

1 komentar:

Eko NP Andi mengatakan...

Hahaha...
Wah ternyata Pak Mudin jadi tersangka tunggal kematian Mbah Jo.
Terus apa yang terjadi dengan Pak Mudin setelah membaca surat itu? Ada sekuelnya ndak? Hehehe...