Senin, 16 Februari 2009

Argowilis

Onok wong papat podho gak kenale numpak sepur Argowilis jurusan Suroboyo
Bandung.
Sing pertama ibu-ibu umure sekitar 60an. Ketokane termasuk keluarga
ningrat lek ndhelok pacakane.
Sebelahe ibu-ibu iku onok cewek ayu koyok covergirl majalah umure
sekitar 20an.
Ndhik ngarepe ibu-ibu iku mau onok tentara berseragam dinas, lengkap
karotanda jasane. Pokoke berwibawa, umure 50an.
Sebelahe tentara mau onok arek lanang gondrong umure 25an. Ketokane
rocker.
Selama perjalanan, wong papat iku ngobrol macem-macem. Sampek
moro-moro sepure mlebu terowongan athik lampune mati, dhadhi petengan
pol. Wong papat iku malih meneng kabeh.

Gak sui moro-moro onok suoro pipi disun terus mari ngono suorone wong
dikaplok PLAK..!!!. Wis mari ngono sepi maneh.
Sing ibu-ibu iku mau mbatin, ”Wah hebat arek wedhok sebelahku iki,
isok menjaga harga diri, gak gelem diperlakukan sembarangan”.
Sing arek wedhok sebelae yo mbatin pisan, ”Gak salah tah, sing ngesun
mau iku, wong onok arek ayu koyok aku kok malah nenek-nenek tuwek
sing disun”.
Lha sing tentara iku ambek ngusap-ngusap pipine sing kenek kaplok
melok mbatin pisan, ”Jangkrik, gak melok ngesun tapi kenek kaplok. Dikiro
aku pengecut tah, lek aku gelem gak usah ngenteni peteng. Wah tersinggung
aku”.
Arek rocker iku karo ngempet ngguyu melok mbatin pisan, ”Kapan
maneh rek, isok ngaplok kolonel gathik konangan. Padahal sing tak sun
mau iku tanganku dhewe”.

Tidak ada komentar: