Senin, 30 Maret 2009

Minimarkert

Wonokairun lagi blonjo ndhik minimarket cedhak omahe. Sing dituku
tibake daging kalengan gawe pakane kucing.
Pas katene mbayar, Wonokairun ditakoni kasire.

”Mbah, lek sampeyan katene tuku pakan kucing iki, sampeyan kudhu
mbuktekno lek sampeyan iku ndhuwe kucing. Aku khawatir lek tibake
pakan kucing iki sampeyan emplok dhewe. ” jare Bunali, kasire.
Wonokairun gak protes, mulih diluk, mbalike nggendhong kucing dipamerno
ndhik Bunali.
”Iki kucingku ” jare Wonokairun ambek mbayar daging kalengan gawe
kucinge.
Sisuke Wonokairun teko maneh ndhik minimarket, saiki tuku biskuit
balung pakane asu.
Pas katene mbayar, ditakoni maneh ambek Bunali.
”Mbah, sampeyan ndhuwe asu tah ?. Aku khawatir lek tibake pakan asu
iki sampeyan emplok dhewe.” jare Bunali, kasire.
Wonokairun gak protes, mulih diluk, mbalike nuntun asu dipamerno
ndhik Bunali.
”Iki asuku ” jare Wonokairun ambek mbayar biskuit balung gawe asune.
Sisuke Wonokairun teko maneh ndhik minimarket, saiki nenteng kardus
bekase indomi sing pinggire dibolongi sak driji.
”Mbah, sampeyan katene tuku pakane ulo tah ? ” jare Bunali.
”Iki isine dhudhuk ulo. Cobaken tanganmu lebokno kene lek pingin
ngerasakno. Wis tah tak jamin gak bakal nyatek. ” jare Wonokairun.
Pertama Bunali rodhok wedhi, tapi mari dibujuk Wonokairun akhire
Bunali kendhel. Drijine dilebokno ndhik bolongane kerdus. Tibake njerone
onok gembuk-gembuke.
Pas drijine ditarik maneh, ambune malih gak whuenak. Bunali misuhmisuh
gak karuan, ” Damput, ancene wong dhobhol, lha laopo aku sampeyan
kongkon ndhemok tembelek.”
”Saiki, oleh tah aku tuku tisu kamar mandi ? ”.

1 komentar:

Eko NP Andi mengatakan...

Gyahahahahaha....