Kamis, 26 Maret 2009

Mancing

Sore-sore mari udhan, Wonokairun mancing nang got cilik ndhik ngarepe
warunge Mbok Ten.
Ambek rokokan klobhot,Wonokairun ndhodhok sarungan nyekeli pancinge.
Wong-wong sing katene andhok mesti ndhelok Wonokairun. Onok sing
sakno, onok sing kudhu ngguyu, onok sing ngiro wong gendheng yo onok
sing cuek ae.
Gak sui Bunali teko katene andhok pisan.
Bareng ndhelok Wonokairun koyok ngono langsung gak mentolo.
”Mbah, ayok melok aku mangan, wis tah tak bayari ojok kawatir. ” jare
Bunali.
PertamaWonokairun isin-isin gak gelem, tapi mari dibujuk-bujuk akhire
gelem.

”Sampeyan pesen panganan opo ae sak senenge,” jare Bunali.
Mari mangan warek, Bunali ngejak Wonokairun ngobrol.
”Sampeyan mancing ndhik peceren kono mau mosok onok iwake ?”takok
Bunali.
”Yo onok rek !! Lek gak, lha lapo tak belani ndhodhok sarungan sak
uwen-uwen. ” jare Wonokairun.
”Mosok se Mbah. Wis oleh iwak piro Sampeyan ?” jare Bunali gak
percoyo. ”Awakmu sing ke limo . . .”

Tidak ada komentar: