Kamis, 16 April 2009

Telulas

Sore-sore Sutaji mlebu omah berok-berok, ambek raine ditutupi. Sak omah
melok gupuh kabeh.Ambek mboke Romlah ditakoki, ”Opoko awakmu iku, pencilakan koyok
tandhak bedhes ?”
Sutaji gak langsung njawab, pas tangane dibukak raine bundhas abang
kabeh. Lambene njedhir getien.

Mari diombeni banyu, Sutaji rodhok adem terus isok cerito ndhik Romlah.
”Ngene lho. Aku lak mari ngandangno wedhuse Bapak ta. Lha aku
krungu akeh arek cilik-cilik bengok-bengok ambek kotekan ngene..telulas
teng teng teng... telulas crek crek crek... telulas teng teng teng . . . terus
ae dibolan-baleni. Tak goleki suarane tibake ndhik njero gardu hansip.
Tak dhelok gedheke bolong persis sak ndhasku. Saking penasaran onok
opo, gardhune tak cedaki, tibake suorone tambah banter... telulas teng
teng teng ... telulas crek crek crek ...terus ae.
Tak pikir paling iku arek-arek lagi totoan. Lagek ae ndhas ku njengongok
ndhik bolongan iku mau, moro-moro arek-arek iku nggepuki raiku ambek
kulit duren, godhong blarak, sapu, panci gosong, kentes hansip sembarang
kalir sampek bundhas kabeh koyok ngene.
Pas aku isok narik ndhasku, aku langsung plencing, mlayu sipat kuping.
Lha mari ngono arek-arek iku mau mbengok maneh . .pat belas teng teng
teng... pat belas crek crek crek...pat belas teng teng teng”

Tidak ada komentar: