Kamis, 23 April 2009

Mo Limo

Mari dikelamuti pedhet, Togog dilapurno nang polisi ambek bapake Romlah.
Ambek polisine Togog terus dilebokno penjara.
Tibake penjarane wonge sangar-sangar, brewokan, dempal-dempal akeh
tatone. Isine kiro-kiro satus, onok preman, jagal, bromocorah, korak lan
sak panunggalane.
Togog malih wedhi, opo maneh durung tau mlebu penjara. Pas wayahe
antri mangan, Togog mulai oleh konco.
”Awakmu wong anyar yo ?” jare konco anyar iku.
”Iyo . . .” jare Togog.
”Wis gak usah pusing, ndhik penjara iku malah enak. Mangan ditanggung,
klambi dijatah, turu gak mbayar. Opo maneh ndhik penjara iki
awakmu isok nglakoni sing jenenge Mo Limo sak tuwukmu.” jare koncone
Togog.

”Lho cik enake. Opo ae acarane ndhik kene ? takon Togog.
”Bengi iki malem Senen, acarane maling. Kabeh Napi ndhik kene saling
copetcopetan. Lha dhuwike bakal digawe main malem Seloso sisuk.
Awakmu arek anyar kudhu isok nyopet dhuwik sing akeh, mergone biasane
arek anyar sing dikongkon dhadhi bandare ”, jare koncone Togog.
”Oo gak masalah iku, ndhik kampung aku tau dhadhi bandar buntutan.
Tapi lek digerebeg polisi yok opo ?” jare Togog.
”Katene digerebeg yok opo maneh, wong awakmu wis ndhik penjara.
Lha malem Rebone iku acarane minum. Biasane arek anyar koyok awakmu
dikongkon ngentekno bir limang botol”, jare koncone Togog.
”Oo gak masalah iku, sepuluh botol ae sik kuat aku” jare Togog.
”Mari ngono, malem Kemise iku acarane madhat. Pokoke sembarang
onok, ganja, sabu-sabu, heroin, sak tuwukmu”, jare koncone Togog.
”Wah tepak wis, lek aku senenge sabu-sabu. Tapi lek kecekel polisi yok
opo ?”, jare Togog.
”Lek awakmu nyabu ndhik hotel, pasti digerebeg terus dilebokno penjara.
Lha wong awakmu wis ndhik penjara, katene dilebokno endhi maneh.
Wis tah, pokoke aman.” jare koncone Togog.
”Wah sip lek ngono. Lha malem Jum’at acarane opo ? jare Togog.
”Awakmu homo tah dhudhuk ?” takon koncone Togog.
”Ngawur ae, aku iki normal rek !!! ” jare Togog.
”Wah berat iki cak ”, jare koncone Togog.
”Lho opoko masalae ? ” takon Togog.
”Soale malem Jum’at, malem Sabtu ambek malem minggu iku acarane
madhon. Lha biasane arek anyar iku sing dhadhi wedhoke ”.

Tidak ada komentar: