Senin, 29 Juni 2009

Sepuluh Ewu

Wonokariun ngejak gendakane, jenenge Mbok Cempluk, perikso nang dokter
Bunali.
”Opoko sampeyan iku mbah, wong awake ketok tahes kok athik perikso.”
takok dokter Bunali.
”Ngene lho dok, umurku iki wis 80 lha bojoku iki wis kewut pisan umure
75. Aku pingin takok opo sik oleh tah aku ambek bojoku iki main koyok
manten anyar ?” takok Wonokairun ambek isin-isin.
”Lho lek sampeyan gak onok penyakit yo aman-aman ae. ” jare doktere.
”Wah tepak lek ngono, cumak cik tambah mantep, tulung aku ambek
bojoku diperikso. Lha terus mumpung ndhik kene, aku tak main ambek
bojoku nang kamar praktek sampeyan. Tulung dipantau mbok menowo
onok opo-opo.” Jare Wonokairun.
Batine Bunali, sak umur-umur lagek iki ono pasien njaluk sing aneh
koyok ngene. Tapi wong jenenge dokter akhire panjaluke Wonokairun dituruti,
mari jantunge diperikso, wong loro iku main tutupan layar. Lha
Bunali ngenteni jogo-jogo lek misale wong loro iku gak kuat terus jantungen.
Mari oleh rong ronde, Wonokairun ambek Mbok Cempluk metu ngguyangguyu.
”Yok opo dok, aman ae tah?” takok Wonokairun.
Ambek Bunali jantunge wong loro iku diperikso maneh, tibake pancene
sik kuat.

”Wis mbah, sampeyan sehat wal afiat. Ojok khawatir.” ”Suwun dok.
Piro ongkose ?” takok Wonokairun.
”Sepuluh ewu ae, wong sampeyan iku asline sehat.” Jare Bunali.
Mari ngono arek loro iku pamitan mulih. Seminggu maneh, wong loro
iku teko maneh nang dokter Bunali. Persis koyok seminggu kepungkur,
njaluk diperikso jantunge, mari ngono njaluk dipantau pas main.
Bunali yo nuruti ae wong pancen tugase sebagai dokter. Mari oleh rong
ronde, Wonokairun ambek Mbok Cempluk metu ngguya-ngguyu.
”Yok opo dok, aman ae tah?” takok Wonokairun.
Ambek Bunali jantunge wong loro iku diperikso maneh, tibake pancene
sik kuat.
”Lak wis tak kandani, sampeyan sehat wal afiat. Ojok khawatir.”
”Suwun dok. Piro ongkose ?” takok Wonokairun.
”Sepuluh ewu ae, wong sampeyan iku asline sehat.” Jare Bunali.
Mari ngono arek loro iku pamitan mulih. Seminggu maneh, wong loro
iku teko maneh nang dokter Bunali.
Persis koyok seminggu kepungkur, njaluk diperikso jantunge, mari ngono
njaluk dipantau pas main. Bunali wis mulai ngersulo, tapi yo sik dituruti.
Mari oleh rong ronde, Wonokairun ambek Mbok Cempluk metu ngguyangguyu.
”Yok opo dok, aman ae tah?” takok Wonokairun. Ambek Bunali jantunge
wong loro iku diperikso maneh, tibake pancene sik kuat.
”Koyok minggu wingi, sampeyan sehat wal afiat. Ojok khawatir.”
”Suwun dok. Piro ongkose ?” takok Wonokairun.
”Sik tah mbah, aku katene takok. Sampeyan lak wis tak kandani lek
sampeyan iku sehat, laopo bolak-balik teko rene ngongkon aku mentelengi
sampeyan main.
Masio elek, aku iki dokter rek !!, dhudhuk wasit smack down.”
Bunali mulai purik. ”Ngene lho dok, aku iki wis muteri sak Suroboyo,
Mbenjeng, Balungbendo, Ndhiwek sampek Peterongan. Gak onok sewa
kamar sing ngisore sepuluh ewu .”

Tidak ada komentar: