Kamis, 25 Juni 2009

Numpak Taksi 2

Mari jogo bengi Muntiyadi mulih numpak taksi.
Timbangane sepi, Muntiyadi njawil supir taksine kate ngejak ngobrol.
Pas dijawil dhadhak supir taksine kuaget setengah mati. Saking kuagete,
sikile langsung mancal gas, montore langsung mencelat katene nyosop
warung.
Untunge, supire sik sempet ngincak rem, gak sidho nubruk. Muntiyadi
ambek supire podho pucete gak isok ambekan.
Pas wis tenang, Muntiyadi njaluk sepuro ambek takon nang supire opoko
dijawil ae kok kuaget.
Jare supire ”Ngene lho cak, aku sik tas pertama kali iki nyupir taksi, lha
sampeyan iku yo penumpangku sing pertama pisan.”
Muntiyadi bingung ”Lho mbiyen sampeyan kerjone opo, kok isok sampek
kagetan koyok ngene ?”
”Aku mbiyen yo nyupir pisan” jare supir taksine.
”Supir praoto tah ?” takok Muntiyadi. ”Supir montor jenasah . .”


Tidak ada komentar: