Senin, 11 Mei 2009

Mo Limo Part 2

Mari nilep dhuwik makelaran , akhire Bunali pindah omah nang luar
kota golek ketenangan. Dhuwike ditukokno omah ndhik walike gunung
kemukus. Ndesone pancen suepi gak onok wong blas.
Paling banter Bunali metu tuku kebutuhan sakwulan pisan, sisane yo
wis ndhik omah dhewekan gak onok sing ngeriwuki. Pokoke uripe tenang
dan damai gak onok sing ngganggu maneh. Sui-sui sakjane Bunali yo kroso
kesepian.
Kiro-kiro wis rong sasi, pas enak-enak nyruput kopi sore-sore moro-moro
onok wong sing dhodhok omahe Bunali.
”Kulo nuwun, kenalno jenengkuWonokairun, omahku kiro-kiro rong kilo
seko kene. Aku katene ngundang sampeyan mangan-mangan ndhik omahku
jam pitu bengi. ”. jare tamune Bunali.

”Wah ketepakan, aku wis sui gak gumbul wong maneh. Yo wis aku tak
mrono. ” jare Bunali sueneng. Mari ngono Wonokairun pamit.
Pas katene metu lawang, Wonokairun mbalik maneh, ”Aku meh lali,
engkok onok ngombe-ngombe bir pisan.”
”Wah gak masalah, aku wis biasa ngombe” jare Bunali.
Jik tas mlaku, Wonokairun mbalik maneh, ”Aku meh lali maneh, engkok
onok sabu-sabu pisan, tapi ojok rame-rame lho yo”.
”Lho ketepakan iku, aku wis sui gak nyabu maneh,” jare Bunali maneh.
Wis tekan pekarangan, dhadhak Wonokairun mbalik maneh, ”Sampeyan
seneng gendhakan pisan tah gak ?”
”Opo maneh gendhakan, aku wis rong wulan nganggur, yo mesti ae arep
rek. ” Bunali tambah giras mbayangno.
”Yo wis tak enteni ” jare Wonokairun.
”Lho Mbah, aku kudhu nganggo klambi opo, batikan tah sarungan thok
? ” takok Bunali.
”Sak karepmu !. Wong mek onok awakmu karo aku. . .”

Tidak ada komentar: