Senin, 29 Juni 2009

Sepuluh Ewu

Wonokariun ngejak gendakane, jenenge Mbok Cempluk, perikso nang dokter
Bunali.
”Opoko sampeyan iku mbah, wong awake ketok tahes kok athik perikso.”
takok dokter Bunali.
”Ngene lho dok, umurku iki wis 80 lha bojoku iki wis kewut pisan umure
75. Aku pingin takok opo sik oleh tah aku ambek bojoku iki main koyok
manten anyar ?” takok Wonokairun ambek isin-isin.
”Lho lek sampeyan gak onok penyakit yo aman-aman ae. ” jare doktere.
”Wah tepak lek ngono, cumak cik tambah mantep, tulung aku ambek
bojoku diperikso. Lha terus mumpung ndhik kene, aku tak main ambek
bojoku nang kamar praktek sampeyan. Tulung dipantau mbok menowo
onok opo-opo.” Jare Wonokairun.
Batine Bunali, sak umur-umur lagek iki ono pasien njaluk sing aneh
koyok ngene. Tapi wong jenenge dokter akhire panjaluke Wonokairun dituruti,
mari jantunge diperikso, wong loro iku main tutupan layar. Lha
Bunali ngenteni jogo-jogo lek misale wong loro iku gak kuat terus jantungen.
Mari oleh rong ronde, Wonokairun ambek Mbok Cempluk metu ngguyangguyu.
”Yok opo dok, aman ae tah?” takok Wonokairun.
Ambek Bunali jantunge wong loro iku diperikso maneh, tibake pancene
sik kuat.

”Wis mbah, sampeyan sehat wal afiat. Ojok khawatir.” ”Suwun dok.
Piro ongkose ?” takok Wonokairun.
”Sepuluh ewu ae, wong sampeyan iku asline sehat.” Jare Bunali.
Mari ngono arek loro iku pamitan mulih. Seminggu maneh, wong loro
iku teko maneh nang dokter Bunali. Persis koyok seminggu kepungkur,
njaluk diperikso jantunge, mari ngono njaluk dipantau pas main.
Bunali yo nuruti ae wong pancen tugase sebagai dokter. Mari oleh rong
ronde, Wonokairun ambek Mbok Cempluk metu ngguya-ngguyu.
”Yok opo dok, aman ae tah?” takok Wonokairun.
Ambek Bunali jantunge wong loro iku diperikso maneh, tibake pancene
sik kuat.
”Lak wis tak kandani, sampeyan sehat wal afiat. Ojok khawatir.”
”Suwun dok. Piro ongkose ?” takok Wonokairun.
”Sepuluh ewu ae, wong sampeyan iku asline sehat.” Jare Bunali.
Mari ngono arek loro iku pamitan mulih. Seminggu maneh, wong loro
iku teko maneh nang dokter Bunali.
Persis koyok seminggu kepungkur, njaluk diperikso jantunge, mari ngono
njaluk dipantau pas main. Bunali wis mulai ngersulo, tapi yo sik dituruti.
Mari oleh rong ronde, Wonokairun ambek Mbok Cempluk metu ngguyangguyu.
”Yok opo dok, aman ae tah?” takok Wonokairun. Ambek Bunali jantunge
wong loro iku diperikso maneh, tibake pancene sik kuat.
”Koyok minggu wingi, sampeyan sehat wal afiat. Ojok khawatir.”
”Suwun dok. Piro ongkose ?” takok Wonokairun.
”Sik tah mbah, aku katene takok. Sampeyan lak wis tak kandani lek
sampeyan iku sehat, laopo bolak-balik teko rene ngongkon aku mentelengi
sampeyan main.
Masio elek, aku iki dokter rek !!, dhudhuk wasit smack down.”
Bunali mulai purik. ”Ngene lho dok, aku iki wis muteri sak Suroboyo,
Mbenjeng, Balungbendo, Ndhiwek sampek Peterongan. Gak onok sewa
kamar sing ngisore sepuluh ewu .”

Kamis, 25 Juni 2009

Numpak Taksi 2

Mari jogo bengi Muntiyadi mulih numpak taksi.
Timbangane sepi, Muntiyadi njawil supir taksine kate ngejak ngobrol.
Pas dijawil dhadhak supir taksine kuaget setengah mati. Saking kuagete,
sikile langsung mancal gas, montore langsung mencelat katene nyosop
warung.
Untunge, supire sik sempet ngincak rem, gak sidho nubruk. Muntiyadi
ambek supire podho pucete gak isok ambekan.
Pas wis tenang, Muntiyadi njaluk sepuro ambek takon nang supire opoko
dijawil ae kok kuaget.
Jare supire ”Ngene lho cak, aku sik tas pertama kali iki nyupir taksi, lha
sampeyan iku yo penumpangku sing pertama pisan.”
Muntiyadi bingung ”Lho mbiyen sampeyan kerjone opo, kok isok sampek
kagetan koyok ngene ?”
”Aku mbiyen yo nyupir pisan” jare supir taksine.
”Supir praoto tah ?” takok Muntiyadi. ”Supir montor jenasah . .”


Senin, 22 Juni 2009

Njegur

Onok juragan tambak jenenge Sablah ngadakno sayembara.
”Sopo ae sing wani njegur nang tambakku, bakal oleh hadiah Sepeda
Montor.” jare Sablah.
Akeh wong sing ngumpul ndhelok sayembarane, tapi gak onok sing wani
njegur nang tambak. Masalae tambake isine dhudhuk iwak tapi boyo,
nyambik, bajul lan sak panunggalane.
Mergo gak onok sing wani njegur, hadiae digenti dhadhi montor kijang
anyar. Tapi tetep ae gak onok sing wani njegur mergo merinding ndhelok
boyone guedhe-guedhe mangap kabeh.
Akhire ambek Sabalah hadiae ditambah maneh, montor kijang anyar
ambek omah sak isine. Tapi tetep ae gak onok sing wani njegur. Mari sepi
meneng kuabeh, moro-moro Muntiyadi njegur nang tambak.
Penontone keplok-keplok kabeh ndhelok Muntiyadi gelut ambek boyo.
Kiro-kiro wis sak jam, akhire Muntiyadi tampil sebagai pemenang. Cumak

yo ngono, awake dhedhel kuabeh. Wis mari ambekan, Sablah marani arep
nyerahno hadiae, tapi Muntiyadi nolak.
”Yo wis tak tambahi dhuwik limangatus juta”jare Sablah, tapiMuntiyadi
tetep nolak.
”Tak tambahi mas-masan sak kilo” jare Sablah maneh, Muntiyadi tetep
gak gelem.
”Wis ngene ae, awakmu njaluk opo ae, tak turuti” jare Sablah gak gelem
kalah.
”Aku njaluk arek sing njungkrakno aku mau digowo rene”jareMuntiyadi.

Kamis, 18 Juni 2009

SPG

Sore-sore onok cewek SPG teko nawakno panci nang omahe Wonokairun.
”Kulo nuwun. ” jare cewek iku ambek nyepot sandal.
”Oo monggo, monggo pinarak. ”jare Wonokairun.
”Nuwun sewu pak, ibu wonten Pak ?” takok ceweke.
”Waduh bojoku gak ndhik omah ndhuk ” jare Wonokairun.
”Yen ngoten, kulo ngerantos mawon ” jare ceweke maneh.
”Lho monggo. Anggepen koyok omah dhewe ndhuk ” jare Wonokairun
ambek ngejak cewek iku mau mlebu ruang tamu. Mari ngono tamune
ditinggal ngetren dhoro.
Pas Wonokairun mulih, tibake cewek iku sing lungguh nang ruang tamu.
Ketokane cewek iku wis kuesel ngenteni kudhu ngamuk ae.
”Ibu teng pundhi to Pak ?” takok cewek SPG iku.
”Bojoku lungo nang kuburan ndhuk” jare Wonokairun.
”Jam pinten mangke kondure ?” takok cewek iku maneh.
”Waduh gak weruh aku ndhuk. Wis onok limolas taun durung tau mulih"


Senin, 15 Juni 2009

Ketinggalan Sepur

Mari nglaporno margaret thatcher sutaji oleh tugas maneh seko kaji Imron.
Sutaji dikongkon ngeterno duwek rong juta gawe mbayar utange kaji
Imron.
”Pak .....duwek rong juta iki dikekno sopo” ? Takok sutaji.
”nggone Pak Bunali ndek Semarang” jare Pak kaji
”sopo sing ngeterno aku nang terminal sepur” jare sutaji maneh
”Ojo kuatir ..... gempil karo sujak ngancani awakmu sampek stasion
sepur” jare Pak Kaji.
Menene wong telu budal numpak sepur jurusan semarang.
”Sepure sek suwe rek .....ayok ngopi karo rokokan desek rek” jare Sutaji.
Akhire wong telu mau ngobrol karo guyon cekikikan ndek warung kopi.
Saking asyike guyon wong telu mau gak ngerti lek sepure kate budal.
Pas suorone sepur muni banter teett...tetttt ... arek telu mau kuaget.
Mari mbayar kopi arek telu terus mblayu nututi sepur. Gempil karo
sujak mblayune luwih cepet dadi sik isok mencolot mlebu nang sepur.
Sutaji ketinggalan ndek mburi ... akhire gak nutut .. wis .. ketinggalan.
Gak suwe sutaji terus ngguyu kuekel ..... ha ..ha ..ha ... Wong sing ndelok
..sutaji ... ono sing sakno .. ono sing bingung ... ono sing ngiro arek
gendeng. Satpame ndelok sutaji koyok ngono gak mentolo .. dipikir saking
sedihe terus dilampiasno ngguyu
”hei .. kon iku ketinggalan sepur kok malah ngguyu kekel opo’ o?” jare
satpame Sing kate lungo iku sakjane aku ....
Sing numpak sepur kok malah sing ngeterno aku ...