Kamis, 28 Mei 2009

Bajak Laut

Muntiyadi pethuk ambek Gempil koncone sing dines ndhik angkatan darat.
Tibake Gempil iku saiki sikile sing kiwo yo dingklang pisan, ambek tangane
sing tengen tibake yo tughel digenti cathoke bakul beras. Sing luwih nemen
maneh, motone gempil kari sing kiwo. Moto sing tengen wis cumplung
ditutupi kain ireng malih koyok bajak laut.
”Lho Mun, sikilmu opoko ? ” takok Gempil.
Mari ngono Muntiyadi cerito pengalamane kijolan sikile wong wedhok.
”Lha awakmu opoko kok mreteli pisan ?” Muntiyadi genti takok nang
Gempil .
”Pas aku patroli nang Aceh, sikilku ngincak granat, langsung puthul.
Pas iku onoke sikile sapi, berhubung aku gak gelem, akhire yo ngene sikilku

dhadhi mek sithok”.
”Waduh cik apese nasipmu, lha tanganmu opoko kok digenti cathoke
beras ?” takok Muntiyadi maneh.
”Mari sikilku tughel iku mau, aku dirawat ndhik barak.
Moro-moro barakku dibom ambek mungsuh, kenek tanganku, langsung
tughel.
Pas iku onoke cathoke beras, timbangane gak onok blas, akhire aku
gelem. ” jarene Gempil maneh.
”Wah kayal thok kon iku, lha motomu opoko kok cumplung pisan ?
Kelilipen granat tah ?” takok Muntiyadi maneh.
”Oo iku seje ceritone. Enak-enak cangkruk nyeritakno pengalamanku
iku mau, moro-moro onok manuk nembeleki mripatku ”. jare Gempil.
”Wah kon iku tambah ngawur thok ae, lha mosok ditembeleki manuk
isok motone cumplung”. Muntiyadi mulai gak percoyo.
”Lho iku dhudhuk mergo tembelek manuk” jare Gempil.
”Lho opoko ?” takok Muntiyadi. ”Iku pas dino pertama aku nggawe
cathok beras”.

Senin, 25 Mei 2009

Wedhus

Bunali pethuk Wonokairun lagi angon wedhus.
”Mbah, waduh wedhus sampeyan akeh yo ?” jare Bunali
”Yo lumayan ” jare si Mbah
”Pira kabehe, Mbah ?” takon Bunali maneh
”Sing putih opo sing ireng ?”
”Sing putih, wis”
”Selawe”’
”Wik, cik akehe. Lha sing ireng?’”
”Podho...” jare Wonokairun ambek ngarit suket Bunali takon maneh.
”Mangan sukete yo akeh pisan, Mbah..”
”Yo..”
”Pirang kilo mangane sakdino ?”
”Sing putih opo sing ireng ?”
”Sing ireng, wis”
”Yo kiro-kiro limang kiloan”
”Lha sing putih?”
”Podho . . .”
Bunali bingung, laopo lek ditakoni kok kudu mbedakno sing putih tah
ireng, wong jawabane yo podho ae.
”Mbah, opoko lek tak takoni perkara wedusmu, sampeyan mesti leren
takon sing putih tah sing ireng barang. Padahal masiyo putih utawa ireng,
jawabanmu podho terus. Sakjane ngono onok opo?”
”Ngene lho, sing putih iku wehusku...”
”Lha sing ireng ?” ”Podho . . .”


Jumat, 22 Mei 2009

Semongko

Bunali lagi pusing soale kebon semongkone ben bengi dijarahi wong, padahal
lagi wayahe panen. Wis diakali macem-macem sik pancet ae akeh sing
ilang.
Jarene wong sing nyolong ikuWonokairun, tapi Bunali gak wani nangkep.
Akhire Bunali nemokno cara cik malinge kapok.
Sore-sore sak durunge mulih, Bunali masang papan peringatan sing onok
tulisane ngene, ”Awas !!! Ati-ati lek arep nyolong. Salah siji semongkoku
iki wis tak suntik racun”
Mari ngitung semongkone sing mateng, kabeh onok limolas, Bunali mulih.
Sisuke Bunali nyambangi kebone maneh, pas di ijir semongkone sik
pancet limolas.
”Wah tibake malinge gocik, tak bujuki ambek pengumuman ae wis wedhi
” pikire Bunali.
Mari ngono Bunali ndhelok papan pengumumane ambruk, wah paling
ketiup angin, pikire Bunali maneh. Pas diwalik, tibake papan pengumumane
ditambahi tulisan ambek malinge,
”Awas !!! saiki onok loro”.

Senin, 18 Mei 2009

Nostalgia

Pas wayahe bulan purnama, Muntiyadi ngejak Romlah ngelencer nostalgia
numpak bronpit.
Mari ngono, arek loro iku tekan mburine pabrik paku.
”Dik, yok opo lek awake dhewe mbaleni lakon limang taun kepungkur
pas pacaran biyen ?” jare Muntiyadi.
”Iyo cak, setuju.” jare Romlah.
Mari ngono, Romlah dilungguhno ndhik pager wesi mburine pabrik paku
iku. Terus ambek Muntiyadi, Romlah dijak indehoi koyok jamane pas
pacaran biyen.
Moro-moro, Romlah lunjak-lunjak ambek awake horeg kabeh. Ndelok
bojone giras ngono, Muntiyadi tambah semuangat.
Wis oleh rong ronde, akhire arek loro iku nggeblak ceblok ndhik suket.
”Waduh dik, awakmu kok cik girase ” jare Muntiyadi.
”Iyo cak, limang taun kepungkur, pager wesine gak onok setrume. .”


Kamis, 14 Mei 2009

Wedi KAro Bojo

Mari pegatan muntiyadi terus rujukan maneh karo romlah. Masalahe
muntiyadi cinta pol karo romlah.
Kapanane ndek kesatuanne muntiyadi, tentara diperintah baris. Tapi
komandan njaluk barisanne dibagi loro.
Barisan sing pertama tentara sing wedi karo bojone. Barisan sing kedua
tentara sing gak wedi karo bojone.
Pas komandan ngecek barisan. Barisan sing pertama akeh pol. . . Barisan
sing kedua cuman siji yo muntiyadi
Komandanne takok nang muntiyadi: Opo’o peno kok gak wedi karo bojo.
”Lho aku iki ndek barisan kedua, dikongkon karo bojoku” Jare muntiyadi.