Sore-sore onok cewek SPG teko nawakno panci nang omahe Wonokairun.
”Kulo nuwun. ” jare cewek iku ambek nyepot sandal.
”Oo monggo, monggo pinarak. ”jare Wonokairun.
”Nuwun sewu pak, ibu wonten Pak ?” takok ceweke.
”Waduh bojoku gak ndhik omah ndhuk ” jare Wonokairun.
”Yen ngoten, kulo ngerantos mawon ” jare ceweke maneh.
”Lho monggo. Anggepen koyok omah dhewe ndhuk ” jare Wonokairun
ambek ngejak cewek iku mau mlebu ruang tamu. Mari ngono tamune
ditinggal ngetren dhoro.
Pas Wonokairun mulih, tibake cewek iku sing lungguh nang ruang tamu.
Ketokane cewek iku wis kuesel ngenteni kudhu ngamuk ae.
”Ibu teng pundhi to Pak ?” takok cewek SPG iku.
”Bojoku lungo nang kuburan ndhuk” jare Wonokairun.
”Jam pinten mangke kondure ?” takok cewek iku maneh.
”Waduh gak weruh aku ndhuk. Wis onok limolas taun durung tau mulih"
Kamis, 18 Juni 2009
Senin, 15 Juni 2009
Ketinggalan Sepur
Mari nglaporno margaret thatcher sutaji oleh tugas maneh seko kaji Imron.
Sutaji dikongkon ngeterno duwek rong juta gawe mbayar utange kaji
Imron.
”Pak .....duwek rong juta iki dikekno sopo” ? Takok sutaji.
”nggone Pak Bunali ndek Semarang” jare Pak kaji
”sopo sing ngeterno aku nang terminal sepur” jare sutaji maneh
”Ojo kuatir ..... gempil karo sujak ngancani awakmu sampek stasion
sepur” jare Pak Kaji.
Menene wong telu budal numpak sepur jurusan semarang.
”Sepure sek suwe rek .....ayok ngopi karo rokokan desek rek” jare Sutaji.
Akhire wong telu mau ngobrol karo guyon cekikikan ndek warung kopi.
Saking asyike guyon wong telu mau gak ngerti lek sepure kate budal.
Pas suorone sepur muni banter teett...tetttt ... arek telu mau kuaget.
Mari mbayar kopi arek telu terus mblayu nututi sepur. Gempil karo
sujak mblayune luwih cepet dadi sik isok mencolot mlebu nang sepur.
Sutaji ketinggalan ndek mburi ... akhire gak nutut .. wis .. ketinggalan.
Gak suwe sutaji terus ngguyu kuekel ..... ha ..ha ..ha ... Wong sing ndelok
..sutaji ... ono sing sakno .. ono sing bingung ... ono sing ngiro arek
gendeng. Satpame ndelok sutaji koyok ngono gak mentolo .. dipikir saking
sedihe terus dilampiasno ngguyu
”hei .. kon iku ketinggalan sepur kok malah ngguyu kekel opo’ o?” jare
satpame Sing kate lungo iku sakjane aku ....
Sing numpak sepur kok malah sing ngeterno aku ...

Kamis, 11 Juni 2009
Wanita Besi
Sutaji gupuh kabeh marani kantor pulisi katene lapuran.
”Waduh Pak Pulisi, aku sik tas ae dinunuti Margaret Tatcher ” jare
Sutaji.
”Sampeyan ojok macem-macem lek lapuran .” jare pulisine gak percoyo.
”Saestu Pak, asli aku gak mbujuk ”. jare Sutaji.
”Lek ngono lapuran sing lengkap alon-alon. Sampeyan pethuk Margaret
iku nang ndhi ?” takok pulisine.
”Ngene lho ceritone Pak. Pas aku ngirim barang arep mlebu tol Waru,
moro-moro onok bule tuwek awe-awe njaluk nunut. Bareng wis munggah,
aku kuaget tibake wong bule iku Margaret Tatcher. ” jare Sutaji.
”Lho kok sampeyan yakin lek iku asli Margaret Tatcher ?”takok Polisine.
”Aku yakine iku pas ngisi solar, dhe’e iku titip njaluk tukokno Mesran
Super, jarene ngelak. Lha sisane iku ditetesno mripate, jarene mripate
perih” jare Sutaji.
”Opoko ceritone kok dhe’e sampek isok nunut awakmu ?” takok pulisine
maneh.
”Ceritone iku, dhe’e lagi melancong nang Suroboyo, lha pas sampek
Demak dhadhak moro-moro dhe’e diuber-uber wong akeh, onok tukang
rombeng, onok juragan besitua. Kabeh iku nggowok timbangan dhewedhewe
kepingin ngiloni dhe’e.
Mergo wedhi, akhire dhe’e mlayu mbalik nang hotel. Pas arep tekan
hotel, dhadhak dhe’e pethuk ambek wong Timbang Badan. Begitu ndhelok
timbangan, Margaret tambah pucet kewedhen, terus mlayu maneh sampek
akhire pethukan ambek aku njaluk nunut.
Pas tak takoni arep nang endhi, jarene sembarang pokoke sing aman.
Akhire yo tak jak ngirim barang. Lha saiki iku aku arep lapuran ndhik
sampeyan lek Margaret iku ngilang maneh.
”Aku wedhi lek disalahno.” jare Sutaji.
”Lho kapan dhe’e ngilang maneh ? ” takok pulisine.
”Pas praotoku tak enggokno jembatan timbang ”

Senin, 08 Juni 2009
Kepiting
Romlah njaluk ditukokno kepiting gawe buko.
”Yo wis tak tukokno nang rolak” jare Muntiyadi.
”Lho gak numpak bronpit tah ?” takok Romlah.
”Gak wis, cik gak amis. Tak nyegat bemo ae” jare Muntiyadi.
Mari ngono Muntiyadi budhal nyegat bemo. Dhadhak ndhik bemo
Muntiyadi pethuk ambek bekas pacare biyen, jenenge Sablah.
”Lho cakMun, kate nang endhi peno cak ?”takok Sablah. ”Kate nglencer
golek angin . .” jare Muntiyadi.
”Sakjane aku kate kulak kain, tapi wurung ae wis, tak melok peno ae”
jare Sablah ngalem.
Mari ngono arek loro iku ngelencer nang musium Kapal Selam. Ndhik
kono lak isis tah, dhadhi gak keroso moro-moro wis sore.
”Waduh blaen iki, aku kudhu mulih, wis yo .” jare Muntiyadi.
Mari pamitan, Muntiyadi mampir nang rolak tuku kepiting diadhai kresek.
Mergo gopoh kabeh, pas katene mlebu pekarangan dhadhak kreseke jebol,
kepitinge buyar kabeh. Ambek nggurak kepitinge, Muntiyadi bengokbengok
”Ayo cepetan sithik . .wis meh tekan iki ” Krungu bojone bengokbengok,
Romlah ambek muring-muring.
”Cak . .cak, cik guobloke se sampeyan iku. Lha mosok kepiting digiring
padhakno bebek ae. Mulakno kok sui. . .”

Senin, 01 Juni 2009
Numpak Taksi
Muntiyadi mari mulih jogo kiro-kiro jam rolas bengi. Embong wis suepi,
gak onok bemo sing lewat, ojek yo gak onok. Muntiyadi malih merinding
disko opo maneh ketepakan saiki malem Jum’at kliwon.
Mari ngenteni sui, akhire onok taksi liwat, waduh lumayan pikire. Mari
mlebu taksi lungguh ndhik mburi, Muntiyadi terus ngandani supir taksine
njaluk diterno mulih nang Wiyung.
Mergo kekeselen, gak sui Muntiyadi langsung keturon pules.
Pas enak-enak turu, Muntiyadi moro-moro keroso taksine kok tambah
alon. Bareng didelok dhadhak supir taksine wis gak onok, tibake montore
mlaku dhewe.
Muntiyadi tambah gemeter pas ndhelok tibake taksine lagi ngeliwati
kuburan.
Mergo gak kuat nahan wedhi, Mutiyadi bengok-bengok ambek kepuyuhpuyuh
”Tolong !!. . .tolong !!”.
Moro-moro seko jendelone taksi, onok endhase supir taksi njengongok.
Muntiyadi tambah pucet gak karuan, tibake supir taksine ngomong ngene.
”Hee cak . .ojok turu ae . .Ewangono nyurung, montore mogok iki lho..”

Langganan:
Postingan (Atom)