Kamis, 16 April 2009

Telulas

Sore-sore Sutaji mlebu omah berok-berok, ambek raine ditutupi. Sak omah
melok gupuh kabeh.Ambek mboke Romlah ditakoki, ”Opoko awakmu iku, pencilakan koyok
tandhak bedhes ?”
Sutaji gak langsung njawab, pas tangane dibukak raine bundhas abang
kabeh. Lambene njedhir getien.

Mari diombeni banyu, Sutaji rodhok adem terus isok cerito ndhik Romlah.
”Ngene lho. Aku lak mari ngandangno wedhuse Bapak ta. Lha aku
krungu akeh arek cilik-cilik bengok-bengok ambek kotekan ngene..telulas
teng teng teng... telulas crek crek crek... telulas teng teng teng . . . terus
ae dibolan-baleni. Tak goleki suarane tibake ndhik njero gardu hansip.
Tak dhelok gedheke bolong persis sak ndhasku. Saking penasaran onok
opo, gardhune tak cedaki, tibake suorone tambah banter... telulas teng
teng teng ... telulas crek crek crek ...terus ae.
Tak pikir paling iku arek-arek lagi totoan. Lagek ae ndhas ku njengongok
ndhik bolongan iku mau, moro-moro arek-arek iku nggepuki raiku ambek
kulit duren, godhong blarak, sapu, panci gosong, kentes hansip sembarang
kalir sampek bundhas kabeh koyok ngene.
Pas aku isok narik ndhasku, aku langsung plencing, mlayu sipat kuping.
Lha mari ngono arek-arek iku mau mbengok maneh . .pat belas teng teng
teng... pat belas crek crek crek...pat belas teng teng teng”

Senin, 13 April 2009

Nginceng Kamut

Gempil ambek Togog enak-enak cangkruk di sore hari. Moro-moro Romlah,
anake Pak Imron, liwat numpak sepeda. Arek telu iku langsung ngowo
ndhelokno.
” Arek ayune koyok ngono lek turu yok opo yo ?” jare Kamut.
”Lek turu yo merem rek. Lak mosok koyok awakmu, lek turu nyengir
koyok jaran” jare Gempil. ”Maksudku, klamben tah gak ngono lo”. jare
Kamut.
”Lek ngono, engkok bengi diinceng tah ?” jare Gempil gunggungan.”Wah
iyo rek tepak rek.” jare Kamut.

Lha Togog iku awake gedhe tapi wonge gocik. ”Gak melok-melok aku.
Mboke sangar rek. Kapanane Soleh digebeg duren raine bundhas kabeh”
jare Togog.
”Omahe lak tingkat. Ngene ae. Awakmu lak gedhe tah. Tugasmu
nggendhong aku ambek Gempil. Aku sing ndhik ndukur. Lek wis ketok,
aku nyeritakno nang Gempil, terus Gempil nyeritakno nang awakmu.” jare
Kamut maneh.
”Yo wis setuju.” mari ngono arek telu iku buyar ngenteni bengi.
Bengine, sesuai rencana Togog sing paling ngisor, mari ngono Gempil
ndhik tengah terus Kamut paling ndukur.
”Areke lagi surian” Kamut mulai cerito.
”Areke lagi surian” Gempil nerusno ndhik Togog.
”Yo tah?.” jarene Togog.
”Areke lagi bukak klambi” Kamut mulai cerito.
”Areke lagi bukak klambi” Gempil nerusno ndhik Togog. ”Mosok se?.”
jarene Togog, ambek sikile mulai kemeng.
Moro-moro Togog ndhelok onok sentolop seko kadhoan.
”He rek onok Hansip, age cepetan” mari ngono arek telu iku semburat
ndhelik.
Mari ngono, Hansipe nggoleki gak ketemu. Onoke mek karung telu. Ambek
Hansipe karunge disuadhuk. Sing pertama isine Kamut, pas disadhuk
munine ”Meeoong.”
”Oooh kucing tibake” pikire hansipe
Sing keloro isine Gempil, pas disadhuk munine ”Guk..guk!.”
”Oooh kirik tibake”
Lha sing terakhir iku isine Togog, bingung katene muni opo.
Bareng disadhuk dhadhak munine ” Kentaaang !”.

Kamis, 09 April 2009

Gantine Soleh

Mari raine digebeg duren, akhire Soleh njaluk metu. Mari ngono, Pak
Imron oleh ewang anyar jenenge Sutaji. Lha Sutaji iku awake dempal
cumak wonge ndlahom, lek diperentah musti ngelakonine kewalik.

Isuk-isuk, Romlah ambek mboke ngrasani Sutaji.
”Mak, ewange Bapak iku lho wuantik poll wonge. Wingi lak dikongkon
Bapak ngedhuk sumur cik tambah jeru, lha terus lempunge digawe nguruk
pekarangan.
Lha pas sore kate ngangsu, Bapak iku muring-muring nggoleki sumure
gak onok. Tibake jare Sutaji, sumure wis diuruk roto. Pekarangane sing
malah bogang kabeh.
Ngono Bapak gak wani, jarene wedhi digibheng ”. Mboke Romlah cerito
pisan.”
Iku sik gak sepiro, lha wingi iku Sutaji tak kongkon tuku pithik. Aku
pesen tulung brutune buaken, terus susuke simpenen ngisore bantalku.
Dhadhak pas aku katene turu, bantalku kok mbendhol. Tibake bantalku
diganjel brutu. Bareng tak takoni endhi dhuwik susuke.
Wis tak buak, jarene.” Pas enak-enak cerito, moro-moro krungu suoro
Pak Imron berok-berok ndhik pawon. ”Tulung ! ! Tulung ! ! ”
”Waduh blaen iki. Age cepetan, bapakmu selak mlonyoh kabeh” jare
mboke Romlah.
”Lho Bapak lak sik mbangkong se” jare Romlah.
”Iyo. Tapi Sutaji mau tak kongkon nggodhok pohong gawe sarapane
Bapakmu !!”.

Senin, 06 April 2009

Kulit Mungsuh Kulit

Pak Imron ndhuwe anak wedok jenenge Romlah. Anake iki waduh uwayune
pol.
Selain iku Pak Imron yo nduwe pembantu jenenge Soleh. Pembantune
iki areke mbethik. Masio Nakal tapi Soleh iku areke sregep, dikongkon
sembarang mesti gelem.
Lha Soleh iku wis suwe ngesir Romlah. Berhubung de’e pembantu dadi
Soleh gak wani nggudho langsung.
Akhire Soleh oleh kesempatan....
Pas Romlah turu ndhik kamar, Bapake Romlah nyeluk Soleh tekok
kamare, ”Leh . . Soleh, Bapak jupukno sandal ndhik kamare Romlah
cepetan”.
”Iyo pak, tak jupukno” jare Soleh, mari ngono Soleh mlebu Nang kamare
Romlah

”Lah . . Romlah, aku dikongkon bapak ngesun pipimu” jare Soleh.
Romlah kaget lan gak percoyo, ”Leh.. koen ojok kurang ajar lho. Engkok
koen tak kandakno Bapak.”
Soleh terus mbengok banter,” Pak..pak.. Romlah gak gelem pak.”
Bapake Romlah emosi dibengoki Soleh, mari ngono ngomong banter,
”Romlah kekno ae, ojo nbantah perintahe Bapak.” Romlah terpaksa
manut, terus pipine disun karo Soleh.
Mari ngesun pipine Romlah, Soleh njupuk sandale terus mblayu nang
kamare
Bapak, ”Pak.. pak, iki lho sandale sampeyan,” jare Soleh.
Mari ngono Pak Imron metu tekok kamar. Pak Imron kaget ndhelok
Romlah Nangis, ”Lah.. Romlah awakmu opoko kok Nangis”.
”Aku mari diambung karo Soleh”, jare Romlah.
”Opoo !!!” jare Bapake Romlah ngamuk, saking ngamuke sampek ngentut
duuut.
”Leh ... Soleh koen kok wani ngesun Romlah !!!”.
”Pak .. pak, sampeyan ngono ae kok ngamuk, iki lak cuma kulit mongso
kulit ” jare Soleh.
Akhire Bapake Romlah gak sidho ngamuk didem-demi Soleh. Gak suwe
ibuke Romlah mulih tekan pasar.
Ibuke Romlah kaget pisan ndhelok Romlah nangis. Bareng ngerti lek
Romlah disun Soleh, Ibuke Romlah terus muntap, duren sing sik tas dituku
dijupuk terus digebekno nang raine Soleh.
Soleh nangis gerung-gerung ngrasakno lorone.
Mari ngono Bapake Romlah ngomong Nang Soleh, ”Leh . Soleh, iku lak
cumak kulit mongso kulit ae. Mosok ngono ae wis Nangis”.
”Pancene sampeyan iku gendeng Pak !! ” jare Soleh ambek nangis

Kamis, 02 April 2009

Pikun

Sore-sore Wonokairun nangis gerung-gerung ndhik pinggir embong ambek
napuki sirahe.
Gak sui Bunali liwat, begitu ndhelok onok wong tuwek nangis langsung
mandhek nakoni. ”Mbah, laopo sampeyan nangis ndhik pinggir embong
?” takok Bunali.
”Aku ndhuwe bojo anyar ndhik omah, sik tas ae tak rabi, umure 20 taun,
sik enom, ayu, semlohe. ” jare Wonokairun ambek nangis.
”Lho lak enak se sampeyan, laopo kok nangis lho ?. ” Bunali mulai
bingung.

”Ngene lho cak, wis ayu, bojoku iku yo pinter masak. Opo ae kari njaluk,
jangan asem, rawon, brengkes, sembarang sing enak-enak pokoke. ” jare
Wonokairun.
”Lha kurang opo maneh sampeyan Mbah. Ngono kok sik mewek ae. ”
Bunali tambah bingung. ”Mari ngono yo, bojoku iku setia pol ambek aku.
Lek onok sing nggudho langsung dikandhakno aku. ” jare Wonokairun
maneh.
”Lek ngono ceritane, lha terus opoko sampeyan kok nangis gerunggerung
gak mari-mari ?” Bunali wis gak sabar meneh.
”Masalae aku lali ndhik endhi omahku . . . .”